Motor-an Ala Gentho (edisi boso jowo kasar)


       Kali ini aku arep gawe terobosan baru ning blog ku konco-konco. Ning kesempatan ini aku bakal coba gawe artikl nganggo boso jowo hehehe. Tujuane yi supoyo koe-koe kabeh sing sering moco tulisanku iki ora bosen bro. Nah saiki sing arep tak bahas karo koe-kowe kabeh yaiku piye carane numpak motor supoyo nyaman supaya kowe betah numpak motor mbuh kuwi perjalanan sing adoh maupun cedhak, awan utawa bengi. Iki tak kek i tips-tips e konco konco.
1. Motor di service dhisik
       Nah ning tips sing nomor siji iki tips sing efek e paling gedhe marang kenyamanan mu numpak motor. Yo jelas bedo tho bro antarane kowe numpak motor sing selalu di service rutin lan kowe numpak motor sing saben dinane mung ditumpaki wae ora tau di dandani. Nah amargo perkoro kui bro kowe tak saranke sak durunge numpak motor yo mbok optimalke dhisik kondisi motormu sakdurunge mbok tumpaki. Ben neng ndalan luwih serrrrr ngono lho bro.
2. Sakdurunge numpak motor, adus dhisik
       Hahaha mesthi pertama kowe maca judul poin ke dua iki koe beranggapan nek iki ora mutu. Ning sebenere nek menurut pengalaman ku iki berpengaruh banget lho konco konco kabeh. Misale ngene, kowe ameh perjalanan jauh menyang omahe pacarmu, ning pas kowe mangkat kui kondisi mu durung adus, nah opo yo penak kui le mu numpak motor, nak yo ora tho?. Nah dadi tujuanne adus dhisik sakdurunge numpak motor kui nggo meminimalisir roso panas ning ndalan sing bakal mbok lewati coy. Piye tekan semene kowe wis mudheng tho?
3. Nggowo helm, tur nganggone ning sirah
       Nah ning tips poin ke-3 iki penting juga lho coy ra kalah penting karo sing nomer siji lan nomer loro. Saiki sing pertama, helm kui setiap kowe numpak motor kudu selalu mbok nggo bro. Elingo konco kabeh, helm kui dinggo bukan karena polisi, nanging nggo keamanan ndasmu kui terutama keamanan otak sing ono ning njerone.
       Sak banjure kui, isih kelingan tho ndhek mau aku tulis nek helm kui dinggo ne ono ning sirah. Saiki okeh fenomena sing ramutu bro. Beberapa orang kui memang sih nggowo helm, nanging ditempatkan sing ora ono tempat seharusnya. Misal ono iki, wong sing pas nunggang motor helm e digowo trus di gantung ono ning sikut. Woolhaaa opo otakmu kui ono ning sikut. Ono maneh sing aneh helm e di selehke ono ing tangki kendaraan. Laaah lha kui mosok yo otak e ono njero tangki motor. Nanging sing paling ra genah kui yo sing ra nganggo helm lan ra nggowo sisan. Amargo yo wis cetho nek kui tandane wong kui ora nduwe otak.
       Yoh wis semono sik wae yo konco konco artikel sing iso tak bagi marang kowe kowe kabeh. Mugo mugo kowe kowe cukup terhibur karo tulisanku sing yo sakjane ramutu iki. Wis maturnuwun yo tak pamit dhisik. Suk berkunjung menyang blog ku maneh yooo!
(Andito Haryo Saputro, 25/5/2015)

0 comments:

Post a Comment